Arsip untuk Februari, 2009

Sketsa Komedi GERR

Februari 21, 2009

PENDAHULUAN

Hidup yang penuh stress membawa dampak psykologis yang serba sengsara.
Kenikmatan hidup dibarengi rasa bahagia karena setiap saat kita senyum bahkan tertawa untuk menyikapi kehidupan.
Sehingga sudah saatnya di dalam diri perlu rileks sejenak dengan menikmati tayangan televisi sebagai hiburan.
Tentunya hiburan yang lucu, segar,
dan penuh canda tawa.

CONTENT PROGRAM

 PROGRAM TITTLE
GERR ( ngGEgek Rame Rame )
 PROGRAM DURATION
30 menit
 PLANNING BROADCASTING STATION
Program reguler ini dapat ditayangkan di JTV ataupun dapat di relay oleh semua televisi lokal jaringan JAWA POS GROUP
 SCHEDULLING ON AIR
Rabu pukul 20.00 – 20.30 WIB
 STYLE PROGRAM
Sketsa Drama Komedi
 FORMAT PRODUKSI
ENG ( Out Door )

PROGRAM GERR
 TUJUANNYA:
Membuat rileksasi dengan tawa agar hidup tidak stress. Bila perlu “ ngGegek Rame Rame “ setiap hari.

AUDIENCE TARGET
 TARGET : Remaja, Dewasa dan Orangtua
 USIA : Usia 14 – 50 Th
 STATUS SOCIAL : Umum

PROGRAM DESCRIPTION

 GERR merupakan program acara untuk manusia yang penuh kesadaran untuk bisa membuat tawa dalam kehidupan masyarakat Jawa Timur dengan materi recording / Taping Out Door (ENG).

 Acara ini ditayangkan setiap Rabu pukul 20.00–20.30 WIB secara taping reguler dengan durasi 30 menit.

 Tayangan ini merupakan sketsa drama komedi yang tidak berkesinambungan (adegan setiap adegan habis dalam satu cerita). Adegan tersebut berisikan kelucuan cerita, pola pengadeganan mengundang tawa, teka-teki, komedi sleptic, dan masalah masyarakat yang menjadi bahan kelucuan spontanitas yang tergarap secara dramatik.

PERINGATAN !!!
dari sang Kreator Muh. Abduh Abbas ( Muhabba Putra )

1. Sekarang juga nonton sketsa komedi ini di JTV ( Jawa Pos TV Lokal Jawa Timur ) setiap hari Rabu jam 19.45 WIB
2. Jangan pindah-pindah channel REMOTE anda kecuali tekan tombol channel 60 milik JTV yang wajib dipanteng.
3. Jangan alihkan pandangan anda kecuali selalu menatap ke depan televisi yang nampak siaran komedi GERR.
4. Jika anda ingin sehat dan menarik dengan penuh tawa maka segera panteng terus acara GERR di JTV tanpa terkecuali.
5. Siapa yang telah menyaksikan GERR dengan tawa dan ikhlas maka saya selalu berdoa agar anda masuk surga dengan ketenangan tanpa beban stress. Amiiiinnn…….

Cuplikan Adegan GERR

Februari 21, 2009

ORANG BERHAPE NELPON DITELPON UMUM

A : Waduh, yok opo iki? Jik suwe tah? Salah jik akeh sing antri sisan. Wooi, cepetan rek.
B : Iyo, koyok nggone de’e dhewe ae.
C : Hei, cepetan thithik po’o. Mbok kiro iki telpone mbahmu tah?
D : Iyo iki, kemaruk kok arek iki.
E : He-em, ancen mayak kok. Aku iki wis ngenteni ket maeng kok gak mari-mari olehe de’e nelpon.
F : Yok opo se, kok yo gak rumongso lek iku ngono fasilitas umum, gak te’e dhewe. Iki ngono jaman demokrasi, jaman keterbukaan, jaman globalisasi, gak entuk sak karepe dhewe koyok ngono.
C : Iyo bener ning. Gurung tau rasane direpotno nang KOMNAS HAM, KPK, MK be’e arek iki. Sakkarepe dhewe dhadhakno.
D : (emosi) Hei jancuk, cepetan cuk. Aku yo onok perlu telpon, gak awakmu tok.
E : Sakjane de’e iku telpon sopo se kok sawangane gak entek-entek. Opo ae sing diomong barek arek iku?
F : Halah kesuwen, wis saduk-en ae arek iku.
G : Opo ae se rek. Pengen nggae telpon iki tah? Yo gae-en lho, wong atase karek nggae. Ngono ae athik bengak-bengok.
(TERNYATA SI “G” INI DARI TADI TELPON DENGAN HPNYA)

====================================================

CEK DOWONE

Mbah Sogol rodho’ kesusu mblayu nang sumur, jange nglugurno “bom” karepe. Tibake jik kudu antri pisan, gantian karo Ning Darmi sing wis tuwek tapi jik kemecer ae gayane, uendel pol.
Sogol : Hei cepetan, iki gudhuk jedingmu dhewe.
Dhidien : Iyo iyo Cak, atase ngono ae gayane koyok jange onok perang.
Sogol : Wis disiram gurung? Ambune iku lho.
Dhidhien : Gurung, iku mau banyune entek, siramno sisan yo.
Sogol : Masya Allah, tuwek-tuwek yo nggilani.
Ndelok jedhing diluk tibake ancen gak onok banyune. Akhire kudu ngangsu dhewe. Gak kathik nginguk sumur mbah Sogol langsung ae ngerek tali sumure.
Sogol : Yok opo rek, rek, jare iki jaman wis merdeka. Tapi jenenge golek banyu ae jik leren ngangsu dhewe. Negoro macem opo iki?
Suwe dienteni kok gak ndang njemunuk timbone. Akhire gak srantan tali sumure mau ditarik kabeh, ealah tibake taline nyambung dadi situk.

====================================================

NJENGGONG-O DHISIK

Cak Sogol : Yok opo sidone hasile pilgub jatim sing digowo nang MK wingi Cak?
Dul Gemuk : Gayamu athik takok pekoro MK barang, atase podho mlarate ae. Lapo takok iku, gak kiro ngefek nang awakdhewe.
Sogol : Ojok ngono, Cak. Iku lak kanggo kemajuane rakyat pisan. Ojok-ojok peno wingi golput yo? Ojok golput lho Cak.
Dul Gemuk : Golput entutmu iku. Ngene-ngene aku melok nyoblos rek.
Ndik ngarep omahe Pak RT moro-moro asune Pak RT njenggong, yo jelas ae njingkat saking kaget-e. Sogol njukuk watu terus nyawat asu iku. Pas kenek, mesthi ae kaing-kaing. Gak suwe Pak RT metu terus langsung misuhi arek loro iku.
Pak RT : Hei, dobol, lek wani ojok nyawat asune, iki lho, sawaten juragane !
Dul Gemuk : Walah, juragane ngamuk, Gol. Ayok mblayu ae, timbang gembuk awakdhewe digepuki wong sak kampung.
Sogol : Lapo athik wedhi barang iku, tenang ae, tak dhedhepine. (kepada Pak RT) Hei pak, lek sampeyan pingin tak sawat, yo njenggong-o dhisik lho Pak, ngono ae kok repot.
Pak RT : Ohhh, ancen arek kurang ajar iku.

====================================================

TAK ONGKEK-E

Suami : Wis ning yo, aku tak budhal dhisik. Engko selak dienteni barek cak Abbas iki, aku jarene jange dike’i garapan gedhe.
Istri : Nggarap opo, cak?
Suami : Yo nggarapsari, sari lak gedhe, hehehe.
Istri : Onok onok ae peno iku cak.
Suami : Lek gak onok gudhuk cacakmu. Wis, sing ati-ati njogo omah, jaman saiki akeh wong sing duwe ati elek, lek moto kadung peteng, gak ngurus bah iku jik dulur yo disapu ae. Wis tak budhal, kok malah ngecemes ae ndik kene.
(SUAMI NAIK SEPEDA MOTOR MAU BERANGKAT LALU DIPANGGIL ISTRINYA)
Istri : Lho cak cak, peno budhal iku gak jaketan tah?
Suami : Walah, iyo, lali aku. Kene tak gaene.
Istri : Lek nggae jaket ngene, sampeyan gak kiro masuk angin dadi aku engkok gak soro.
Suami : (JAKET DIPAKAI TERBALIK) Tulung slerekno ning.
Istri : Wis tak slerekno, ati-ati ndik dalan. Sampeyan eling, matane iku lho, ojok pecicilan ae, ojok ndlereng ae. Engkok gara-gara ndelok cewek nggarai ciloko.
Suami : Wis yo, assalamualaikum.
Istri : Wa alaikum salam.
(DALAM PERJALANAN TERJADI KECELAKAAN KARENA SUAMI MENGGODA CEWEK YANG SEDANG BERJALAN DAN DIA JATUH TERTELUNGKUP)
Seseorang A : Waduh, kok ndase malih kualik. Sik minggir-o, kene tak ongkek’e.
Seseorang B : Lho cak cak, wong iku……
Seseorang A : Wistalah, aku wis biasa ngadhepi kedadeyan koyok ngene iki, tenang ae talah, gak usah melok-melok.
Seseorang B : Gak, gak ngono, de’e iku……..
Seseorang A : Dikandhani kok cek angele se, tak kampleng pisan, dadi gudir koen.
(KEPALA SUAMI DIBALIK MENGHADAP KEATAS YANG MALAH MEMATAHKAN LEHERNYA)
Seseorang A : Lho lho, kok malah cuklek ndase?
Seseorang B : Peno iku jange tak kandhani lek sing kuwalik iku gudhuk ndase, tapi jakete………
Seseorang A : Hahh?????

====================================================

OJOK KENDAT

Ndelok Ning Darmi jange ngalungno lawe nang gulune ambek geru-geru, Cak Sogol langsung mblayu marani.
Sogol : Lho Ning, ojok ngono talah. Lapo jange kendat iku?
Darmi : Sopo sing jange kendat? Wong aku jange mepe klambi kok.
Sogol : Lha terus, lapo athik nangis lho?
Darmi : Gak nangis yok opo, wong tanganku sampek kiyu gara-gara umbah-umbah klambi sakmene akeh-e. Deloken tah, sampek biru kabeh tanganku.
Sogol : Walah Ning, ngono ae sampek nangekno wong sak kampung…..

====================================================

GAK ENTUK DODOLAN “S”

Lagi rame-ramene ngedholi wong tuku es nang rombonge, Cak Krendil diparani barek Satpol PP. yo mesthi langsung ngacir wong-wong sing podho tuku ndik kono.
Satpol PP : Hei, awakmu eruh gak salahmu opo?
Krendil : Opo lho, Pak?
Satpol PP : Gak entuk dodolan es ndik kene!
Krendil : Opo buktine Pak? Wong gak onok larangane kok.
Satpol PP : Lha iku opo? Onok tondho hurup “S” dipalang iku artine gak entuk dodolan es ndik kene, ngerti gak koen?
Krendil : Oalah, Pak, sing goblok iku aku tah peno.

====================================================

DILARANG BERJUALAN DI SEPANJANG JALAN INI

Satpol PP : Hei, kamu nggak tahu apa kalau tidak boleh jualan disini ?
Mayank : Kata siapa Pak ndak boleh jualan disini ?
Satpol PP : Lha dibelakangmu itu kan ada rambu. Tulisannya jelas, “DILARANG BERJUALAN DI SEPANJANG JALAN INI”. Kamu itu buta atau pura-pura nggak bisa baca ?
Mayank : Aku ini ndak buta, Pak. Aku yo ndak pura-pura ndak bisa baca. Tapi aku nggak ngrasa nglanggar aturan. Justru sampeyan itu yang harusnya sekolah lagi.
Satpol PP : Lhe, yok opo se ? Wong awakmu sing salah kok malah ngilokno aku iku lho ? Elek-elek ngene, aku yo tau mangan bangku sekolahan, rek.
Mayank : Padane rayap ae mangan bangku sekolahan.
Satpol PP : Gak usah nylimur. Wis, pokoke awakmu salah.
Mayank : Salah gimana, Pak ? Tulisannya kan “DILARANG BERJUALAN DI SEPANJANG JALAN INI”. Wong aku lho ndak jualan di sepanjang jalan ini, Pak. Aku kan jualan di “selebar” jalan ini.
Satpol PP : Ohh, ancen bakul sarap iku.

GERR – ngGEgek Rame Rame

Februari 7, 2009

Saksikan tayangan sinetron komedi Jawa Timuran yang berjudul GERR (ngGEgek Rame-Rame) di JTV setiap hari Rabu jam 19.45 WIB Sudah pasti tayangan ini sangat menarik, lucu dan membuat anda sehat karena penuh canda & tawa. Penasaran ? Percayalah. Jangan lewatkan acaranya dan jangan ganti2 saluran selain channel 60 di JTV (Jawa Pos TV Lokal Jawa Timur). Ojo lali yo ! JTV tambah siiiippp aaaeeee.